Bloq ini hanya tentang ocehan, guyonan dan tidak pernah lebih dari hanya sedikit serius. Jangan diambil hati jika banyak nyindir dan jangan tiba-tiba merasa besar kepala jika hanya menyindir sedikit saja. Bukankah kata pujangga, hidup ini tidak lebih dari sekedar sandiwara...

rapal sakti ajian korupsi · 20040824

membaca surat kabar lokal hari ini dan menemukan sesuatu yang menarik.
sebuah sajak dalam bahasa campuran (jawa, indonesia dan ingris) yang ditulis oleh gunawan budi santoso.
bagi yang tidak berbahasa jawa atau bukan orang jawa, bolah tanya ke teman, tetangga ato orang jawa yang kebetulan sedang lewat.

rapal sakti ajian korupsi

sun amatek ajiku ajian korupsi
nedya sugih bandha donya sarwa mbejaji
ora geter telik sandhi lawan cerenging jeksa
ora gigrik surak lan supataning sapepadha
ora tedhas tapak paluning hakim kang mbaureksa
sluman slumun slamet
ngupaya lenaning kang andum kuwasa
murih lancar nguras kaskayaning negara
ho!

ajiku ajian korupsi
mataku mata birokrat
kupingku kuping teknokrat
lambeku lambe pejabat
irungku irung pengamat
dhadhaku dhadha malaikat
sikilku sikil masyarakat
wetengku weteng kebak nikmat
tanganku tangan konglomerat
kebat kliwat mbeburu berkat
tansah gangsar donyo akherat
ho!

ajian korupsi satuhu rapalku
jaran goyang esemku
semar mendem caturku
candramawa paninggalku
welut putih langkahku
sadengah papan andhon laku
adol guyu nyaring isu
dalanku tansah lumintu
sakabehing referensi dadi gamanku
sakabehing bank dadi bangku
ho!

ajiku ajian korupsi
jimatku jimat kolusi
tamengku tameng kongsi
payonku payon proteksi
papanku papan lisensi
sedulurku koneksi sinarawedi
citraku citra televisi
ugemanku nunggal sawiji
status quo tansah lestari
ho!

sun amatek ajiku ajian korupsi
ajian sakti sang anak negeri
so pasti, senantiasa is the best nomer siji
maka merdekalah aku
merdeka sampai mati
ho!

Komentar [1]

kalo nulis komentar, url kamu ditulis juga ya...

1 komentar:
saat 1:36 AM, Blogger Gobloq menulis...

senadyan mati tetep tak ugemi
kanggo negoro lan bongso sing tak tresnani
minggato poro pejabat kang dadi abdi shahwat
neroko sap pitu anggomu kudu sekarat

 

tulis komentar

« halaman awal